ATER-ATER


Ater-ater iku wuwuhan (imbuhan) kang dumunung ing sangareping tembung lingga ing pacelathonan. Yèn ing basa Indonésia diarani awalan, yèn ing basa Inggris diarani prefix. Tembung "prefix" kadadéan saka tembung lingga fix kang duwé teges "nambahi" lan ater-ater "pre-" duwé teges "sadurungé".

Tuladha: daktuku = dak + tuku = aku sing tuku

Ing basa Jawa, ater-ater iki kapérang dadi telu, ya iku: hanuswara, tripurusa, lan ater-ater liya
1.     Hanuswara
Ater-ater hanuswara uga diarani ater-ater kang nganggo swara irung amarga swarané kang mbrengengeng.  Kang kalebu ater-ater hanuswara ya iku ananyamang . Ater-ater hanuswara lumrahé ateges solah tingkah utawa nindakaké pagawèyan . Ater-ater uga lumrah mratélakaké tembung "tanduk" (aktip).

Tuladha:
a)    am + watu      = amwatu = matu-(w, luluh)
b)    an + tandur    = antandur = nandur-(t, luluh)
c)    any + cakot    = anycakot = nyakot-(c, luluh)
d)    ang + wétan   = angwetan = ngetan-(w, luluh)

2.   Tripurusa
Ater-ater tripurusa ya iku ater-ater kang minangka sesulih purusa. Ater-ater tripurusa iku kosokbalené ater-ater hanuswara. Béda karo ater-ater hanuswara, déné ater-ater tripurusa mratèlaké tembung "tanggap" (pasip). Cacahé ater-ater tripurusa ana telu (3), ya iku dakkodi.

Tuladha:
a)    dak + pangan = dakpangan
b)    ko + pangan   = kopangan
c)    di + pangan    = dipangan

3.   Ater-ater Liya
Ater-ater saliyané ater-ater hanuswara karo tripurusa cacahé ana 13, ya iku (1) sa, (2) pa, (3) pi, (4) pra, (5) tar, (6) ka, (7) kuma, (8) kapi, (9) kami, (10) a, (11) ma, (12) pan, (13) pang.

Tuladha:
a)    sa + ésuk             =   saésuk = sakésuk-(wuwuh k)= siji
b)    pa + emut            =   pemut
c)    pi + kukuh            =   pikukuh
d)    pra + jurit             =   prajurit
e)    tar + waca           =   tarwaca = terwaca
f)     ka + jupuk            =   kajupuk-(dijupuk= njarag)
g)    kuma + wani        =   kumawani-(luwih)
h)    kami + tengeng    =   kamitengeng (en)
i)     kapi + luyu            =   kapiluyu
j)     kapi + ising           =   kapiising = kapésing (wanda kapisan diwaca pepet, kêpésing)
k)  kapi + uyuh           = kapiuyuh = kapoyuh (wanda kapisané uga diwaca pepet, kêpoyuh)



Belum ada Komentar untuk "ATER-ATER"

Posting Komentar

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel